Rabu, Januari 30, 2008

Sibuk dewe-dewe

Yud... karepku yo ngono... situs iki gawe kangen-kangenan barek sedulur A12 kuabeh. Malah wes tak undang kabeh sing e-mail'le wis mlebu HP-ku. Sampek saiki sing wis siap dadi kontributor'e situs yo cuma sampeyan ambek awakku thok, tapi awak-mu dewe yo durung nglebok'no kabar-kabari nang situs iki.... jik gak isok tah?

Gornizun Palembang yo wes tak undang, tapi durung nongol... heheheheeeee. Tapi awakku lak yo ngerti nek arek2 A12 ki yo podo sibuk dewe-dewe. Dadi yo sabar ae. Ngenteni nek wis podo onok wektu-ne.

Situs-ku dewe nang totonoerwitjaksono.blogspot.com yo wis tak link-no nang situs'e A12 iki. Sing penting mugo-mugo kabar'e sedulur A12 kabeh podo sehat lan mulyo, amin.

Yo wes Yud.... sampeyan ndang nglebok'no tulisan... poto... mesisan video sampeyan yo!

4 komentar:

YUDI_BEMO mengatakan...

aku mlebu nang postingan koq gak isok ndog? Gaptek kali?

Anonim mengatakan...

Yud... coba'en maneh yo... buka www.blogger.com.. terus isi username and password... terus mlebu nang Menu Posting.. pilih create new post (Buat posting)... isi Judule... kosongi kotak link.. isien tulisan nang box postingan... nek wis mari klik "Publikasikan Posting"mu nek kudu ngisi huruf2 sakdurunge nge-posting yo isi-en disik... insya Allah isok. Kecuali nek awakmu nggawe situs dewe... biasane yo mlebu nang situs sampeyan.

Selamat mencoba

Anonim mengatakan...

Om Toto, boleh gak kita ikutan soale kita dari ndeso (Lombok). Kabarku neng lombok apik2 wae paling tidak gak ada banjir yang menyusahkan dadi anak2 iso tetep sekolah awak dewe iso ngantor dsb. Kalo ada kabar yg lain akan nyusul lagi. Wass, Ican Bemo

toto endhok mengatakan...

Oom Ican... hehehe... mosok sedulur dewe gak oleh ikutan... malahan hukumnya "ikutan"... iku sunnah muakad.. ben situs A12 tambah rame. Opo maneh nek sampeyan melok mlebu dadi kontributore situs'e A12 iki... wah... you are most welcome.. opo maneh Lombok gak banjir lak iso nulis2 kabar-kabar sedulur nang Lombok..

Yo wes... ndang dadi'o kontributore A12..

salam gawe keluarga kabeh yo