Kamis, Januari 17, 2008

Media Komunikasi

Masio wis tuwek ngene, rasane seneng nek konco2 lawas... sedulur dewe... isok silaturahmi. Tapi... koyok'e awak'e dewe saiki wis sibuk dewe-dewe yo?

Kapan'ne ngono, awakku sempat sms-an barek sedulur-sedulur sesama A12... salah siji-ne ambek Mbis, terus tak tawarno nang dewek'e... yek opo nek arek-arek A12 duwe situs dewe... utowo milis dewe gawe kangen-kangenan barek konco-konco A12. Koyok'e Mbis setuju... yo wes saiki tak gawekno situs gratisan nang blogger. Nek sampeyan kuabeh yo setuju... mbok berkenan dadi kontributore situs'e A12 iki. Gelem tah?

Yo wis... nek gelem tak enteni respon sampeyan kabeh.

Catatan: jik entas pirang menit... wis ono respon 4 sedulur A12... matur suwun... cak Ayud... cak Agus Once... Mbis... ambek cak Ican... ayooooo liyane nyusul... Nek sibuk yo kapan2 wae

2 komentar:

Anonim mengatakan...

Wah, hebat nDog siji iki. Tapi sing bener cara Jowo nulise nDog (pitek, bebek, blekok, etc; so, duduk endok; he he he.
Nanti siang after Jumatan, A12; Ayud, Tito, Mas Indrajaya & Toto nDog apene mangan awan bareng, mugo-mugo ae sido, soale pas Mas Indra nang Jakarta.
Wass.

toto endhok mengatakan...

Alhamdulillah... akhire iso mangan awan barek sedulur A12>> Mas Indra, Ayud, ambek Tito nang Alun-alun Indonesia. Padahal mangan awan nang Alun-Alun tapi gak oleh nggelar kloso.

Sayang gak nggowo video-cam recorder, nek nggowo iso dilebokno nang situs'e A12 iki yo?

Yo wes... suwun yo Yud.. traktiran'ne