Nek tak pikir-pikir... nggawe e-mail add sing anyar kadang-kadang awak'e dewe ki yo aras-arasen. Padahal nek sampeyan apene dadi kontributore situs A12, yo terpaksa kudu nggawe e-mail sing anyar nang Gmail. Carane, sakwise sampeyan tak undang via e-mail... sampeyan yo kudu nggawe account anyar nang Gmail.
Tapi gak opo-opo... nek sampeyan aras-arasen... onok coro liyane, yoiku... sampeyan kirim tulisan sampeyan opo wae terus kirimen nang e-mail add-ku nang kene>> totonurwicaksono@gmail.com
Mengko nek awakku rodok selo wektune... baru tak posting nang situs'e A12 iki. Yek opo??? Setuju tah?
Sakjane sih luwih enak sampeyan nggawe e-mail add anyar nang Gmail, soal'e sampeyan melalui Gmail iso kirim gambar-gambar foto utowo gambar bergerak (video) nang situs'e A12 iki.
Yo wes sakmene disik ae... kapan-kapan disambung maneh.
1 komentar:
Co-Konco-A12 kabeh;
Dina Seloso wingi, 22 Januari 2008, salah siji anggota 4 Sekawan (nyilih istilahe nDog BOSOK) sing jenenge Tito Murbaintoro (ndhisik prosoku dek'e termasuk grup BEMO & anggota aktif BEMO koyok awakku), dilantik dadi Deputi Pembiayaan di Kantor Menteri Negara Perumahan Rakyat, sak durunge si Tito Asisten Deputi, dadi ceritone munggah pangkat. Selamet yo cak.... Tapi traktirane durung, padahal konco-konco iki ben dino wis ndungakno loh.. Iki ngono wis cedhek ambek jabatan Menteri, dhiluk maneh ta, dungakno ae cek cepet munggah maneh.
Saiki lungguhe dhisik sing dicedhekno Menteri, suwe-suwe dek'e sing dadi Menteri. Amin.
NDog, kon koq anteng banget saiki? Wis budhal nang Toronto ta awakmu?
Kabari rek, cek disangoni sing ntas ae munggah pangkat. He he he.
wassalam
Posting Komentar