Rabu, Januari 23, 2008

AYUD_BEMO wes mlebu dadi kontributor

Yud, wong jenengmu wes mlebu dadi kontributor'e situs iki, artine awakmu saiki wes iso ngirim postingan nang situs'e A12. Carane lak gampang seh. Sakwise mlebu nang menu Posting, pilih (klik "Buat"), Isi-en judul'e, mari ngono karepmu ae, apene ngisi opo ae yo isok. Kirim tulisan ok!!, kirim foto ok!!, kirim gambar bergerak (video) juga ok!! Sakwise mari nggawe Postingan (finish)>>>Ojo Lali Klik "MEMPUBLIKASIKAN POSTING"

SELAMAT MENCOBA

Yo wes untuk sementara kiriman postingan-mu sing mbok kirim nang e-mail ku tak lebokno nang kene yo... Liyo dino cobak'en maneh. Insya Allah suwe2 isok Yud.

IKI KIRIMAN'NE AYUD_BEMO:

Co-Konco-A12 kabeh;

Dina Seloso wingi, 22 Januari 2008, salah siji anggota 4 Sekawan (nyilih istilahe nDog BOSOK) sing jenenge Tito Murbaintoro (ndhisik prosoku dek'e termasuk grup BEMO & anggota aktif BEMO koyok awakku), dilantik dadi Deputi Pembiayaan di Kantor Menteri Negara Perumahan Rakyat, sak durunge si Tito Asisten Deputi, dadi ceritone munggah pangkat.

Selamet yo cak....

Tapi traktirane durung, padahal konco-konco iki ben dino wis ndungakno loh.. Iki ngono wis cedhek ambek jabatan Menteri, dhiluk maneh ta, dungakno ae cek cepet munggah maneh.Saiki lungguhe dhisik sing dicedhekno Menteri, suwe-suwe dek'e sing dadi Menteri. Amin.

NDog, kon koq anteng banget saiki? Wis budhal nang Toronto ta awakmu?Kabari rek, cek disangoni sing ntas ae munggah pangkat. He he he.

wassalam
AYUD_BEMO



Pesen Lurah'e situs A12>>>>Yud, boro2 budal nang Toronto, wingi njaluk ijin malah dijejel'i kerjoan barek boss-ku... sampek sebagai lurah'e situs A12 gak sempat nge-cek e-mail ambek situs pribadi-ku. Yo ngene iki lho nasib-pe nek dadi staff. Nek koyo awak-mu sing wes dadi juragan PU lak kerjone perintah2. Lha awakku apene merintah sopo?? mosok Menteri-ku sing tak perintah??? heheheheee...

insya Allah, I will let you know if I could fly to Toronto soon.... dongak'no tah!!

4 komentar:

YUDI_BEMO mengatakan...

Nunggu Traktiran cak Tito;

NDog, Yek opo nek minggu iki awake dewe ngajak utowo mekso cak Tito mangan awan, lha jenenge syukuran wis munggah jabatan. Amin.
Nek ngenteni konco liyane pas nang Jakarta, kesuwen rek, selak luwe.
Golek nggon mangan sing enak ambek omong kosong. Lha engkok nek onok konco tekok ndeso pas onok acara nang Jakarta, yo Tito diajak mangan maneh(Suroboyo yo ndeso jarene wong Jakarta).

Lha kon koq gelem dikongkon boss-mu, kiro-kiro ae nek nang omah sering maca "How to serve the BOSS" ya.

Okay ndog, nek isok telpon cak Tito yo, kapan nraktir awake dewe iki.

ayud_bemo

toto endhok mengatakan...

Awakku gak tau moco "How to serve the Boss". Nek tau moco kan justru gak bakal dijejel'i kerjoan.

Awakku gak wani telpon cak Tito, soal'e nek jik dadi staff ngene angel wektu-ne. Nek wes juragan lak isok disposisi kerjo-an nang anak buah.

Yo wes, selamat ae gawe cak Tito.

YUDI_BEMO mengatakan...

nDog,
Ketoke konco A12 liyane gak mlebu-mlebu dadi kontributor; lha awake dewe kontak-kontakan wong loro. Gak popo, sing sabar ae. Aku lak wis sms awakmu imil add p Udik (wahyudi suryoprawoto). Tolong di undang dadi kontributor, cekno tambah akeh sing mlebu.
Amin.

YUDI_BEMO mengatakan...

NDOG,
Aku isuk mau ketemu Aries nang kantor PU pas ada Raker dep PU, jarene mbis yo melok nang Jakarta sampaek Sabtu. Nek awakmu isok ngumpul maneh ambek awake dewe, ambek Tito yo isok, enake diajak syukuran ae mangan awan.