Jumat, Januari 18, 2008

Reuni 4 sekawan

Jum'at isuk... cak Ayud sms... tumben arek iki sms awakku. Gak biasane arek iki kontak-kontakan ambek awakku. Maklum, Ayud iki juragan PU sing sibuk pol. Sms nang inbox tak buka... ealah ternyata onok berita gembira. Mas Indra, calon Gubernur Jawa Timur sedang sowan nang ibukota.

Supoyo luwih jelas, cak Ayud tak telpon, "Hallo... ono opo kang?".... disauti:"Ndog... Cagub Jatim ada perlu nang Jakarta... onok urusan penting!!!... Isok gak, sakwise Jum'atan pul kumpul plus mangan awan nang Alun-Alun Indonesia?". Langsung tak jawab:"Siaaaaapppp....." Nek urusan mangan awan ditraktir juragan PU sopo sing nolak????

Mari Jum'atan... awakku langsung budal nang Alun-Alun Indonesia. Tolah-toleh kiwo tengen, tak delok juragan Ayud gak onok. Gak suwe... Ayud tak telpon, HP ne langsung diangkat, jarene wes tekan Alun-Alun lantai dasar... Kiro-kiro sakwetoro.. juragan teko PU ambek Cagub Jatim ketok mlaku nuju nang lantai 3 Alun-Alun Indonesia.

Sueneng pol ketemu sedulur lawas.... ber-3 langsung pesen panganan... nggolek kursi lungguhan (maklum nang Alun-Alun Indonesia dilarang nggelar kloso!!!)... terus mbadok bareng!! ambek ngobrol ngalor-ngidul. Sakwise wareg... awakku ndelok jam... welehhh.. diluk maneh wes jam telu sore... awakku niat pamitan soal'e onok undangan rapat jam telu sore masio rasane jik kangen ambek sedulur lawas. Tapi Ayud ngomong.... "lho ojok mulih disik... Calon Menpera apene teko nang Alun-Alun Indonesia, nggabung ngobrol kangen-kangenan nang kene... mosok sopan nek juragan wes berkenan rawuh kok malah ditinggal". Yo wes... akhir'e awakku ngalah... tak enteni sampek Tito nggabung kangen-kangenan.

Kiro-kiro ngobrol sak-jam'an 4 sekawan mulih dewe-dewe. Mas Indradjaja... balik nang Suroboyo numpak montor mabur, budal'e jam pitu teko Cengkareng. Seneng isok ketemu sedulur2 A12 sing wes suwe gak ketemu.

Yudddd.... kapan mangan awan maneh??? Tak enteni traktiran'ne.

Tidak ada komentar: