Salah siji ciri khusus'e arek2 Soroboyo utowo Jawatimuran iku... seneng banyolan. Lha... gawe tombo sumpeg... awakku buka-buka situs tonggo sing isine banyolan thok!!... Gawe sampeyan kabeh... ki tak kopi'no salah siji banyolan iku mau... Yo, wes selamat moco... nek gak lucu ojok ngguyu... mengko dikiro edyan.
Lik Sastro disowani calon mantu asmane Mas Bejo sing ora liyo yo yayang-e mBak Sri putrine ragil, sakperlu rembugan bab olehe arep podo omah-omah.
Lik Sastro ndangu : Nak Bejo, nek pancen tenan arep gegayuhan karo si Sri tak jaluk ing tembe mburine ojo nglakoni Mo Limo yo ?!!
Mas Bejo : sendiko dawuh Pak , ananging kulo malah bade matrapaken Mo Wolulas
Lik Sastro : lho opo kuwi ?Mas
Bejo : Madep Mantep Mangan Melu Morotuwo , Morotuwo Mulyo Melu Mukti , Morotuwo Mati Melu Marisi , Morotuwo Macem Macem Mantu Minggat.
Lik Sastro : Cah ra nggenah , Sriiii… !!!! kon mulih anak wewe iki ….!!!
Kirimane : mBarep
2 komentar:
nDOG,
Ketoke awakmu iso ambek wis wayahe ndaftar sing persis calon mantu nang tulisan iki;
Pas ngumpul mangan awan Jumat minggu wingi Tim 4 (sekawan)lak wis sepakatb nek awakmu sing paling pantes nglakoni. He hehe, next A12 liyane sing niru awakmu, utowo niru cak Kandar ae sisan, enak wis.
nDog, aku wingi kirim langsung ke blog A12 koq gak nongol juga, kenapa ya; apa kudu via ini?
Posting Komentar