Rabu, April 16, 2008

aku wis balik nang Jakarta, ngantor maneh,

Konco kabeh,

Seminggu aku nang Batam, nyebrang sedino nang Sing, he he, tilik anak trus balik Jakarta semalam, Minggu pagi ke Makassar. Pagi jam 7 WITA balik Jakarta dan langsung ngantor. Sempat bukak imil ambek komunitas A12 iki tak bukak, trus nyempatno nulis, cekno gak diseneni mBis. Aku bareng pak Udik, wis tak kon ngramekno komunitas iki, jarene yo, kapan-kapan tak melok. Koq gak nganggo yahoo ae?

NDog, trims kon isok nyantolno koran sing isok diakses awake dewe.

Sementara sakmene dhisik.

ayud

komentar'e toto endok:
Yud... sakdurunge nggawe situs A12 iki, awakku wes mikir... kiro-kiro enak'e nggawe situs A12 opo nggawe milis A12 nang yahoo.. utowo MSN... utowo provider2 liyane. Kangen2an lewat milis pancen ono untung rugine.

Sakwise semedi sakwetoro, akhir'e tak pilih nggawe situs A12 iki, pertimbangane:

1. E-mail inbox gak cepet kebak... maklum awakku duwe milis... macem2 onok milis SMA, milis konco2 UK, milis departemen... waaaahhhh kuwalahan... saben ndino e-mail inbox-ku kebak kiriman imel anyar.

2. Nek nggawe milis yahoo, komunitas'e A12 luwih terbatas, soal'e sing iso gabung lak cuma sing duwe e-mail account.

3. Nek nggawe situs ngene iki, file-file sing wes mlebu iso disimpen ambek google (awak'e dewe gak perlu nyimpen nang e-mail inbox sampeyan kabeh), nek nang milis kapasitas'e lak luwih terbatas, dadine awak'e dewe mesti rajin2 mbuang postingan... nek kapasitas e-mail inbox awak'e dewe mulai menipis (kebak ambek e-mail anyar).

4. Lewat situs A12 iki... sedulur2 sing gak duwe e-mail account tetep iso gabung...iso nimbrung lewat kiriman komentar asal onok akses nang internet, mergane kolom komentar'e situs A12 iki tak buka gawe umum... sopo ae iso gabung.

5. Gawe sedulur2 sing duwe milis cuma siji mungkin enak nek nggawe milis yahoo, tapi awakku wes kuwalahan nek kangen2an lewat milis... heheheheee.... sepurone ae nek awakku gak nggawe milis lewat yahoo.

yo wes sakmene disik ae komentar'e juragane situs A12

Tidak ada komentar: