Senin, Mei 05, 2008

SEPI @ POOOOLLLLLLL

AWW,
Yek opo rek, bolak balik aku mbukak koq tambah sepi-poll tulisan ambek crito nang blog A12 iki. Dino Sabtu 26/04/08 aku mendadak kudu nang Suroboyo ndelok kerjoan nang kebun raya Purwodadi, Pasuruan. Mari nang Kebun Raya Purwodadi, aku balik nang Suroboyo ndelok ambek mbantu konco PU sing sibuk persiapan kanggo peresmian jalan Toll Bandara Juanda dino Minggu 27/04/08 sing arep diresmikan RI_1, lokasine nang sebrang Airport Juanda.

Konco PU kabeh melek'-an sampek Minggu isuk, nyiapno poster ambek pameran nang lokasi. Aku ketemu konco PU Suroboyo, Mas Aries (A11), dll terus diajak ngopi nang resto Bandara karo nunggu p Menteri PU sing arep cek kesiapan akhir malam itu (ngopi ambek mangan bengi uenak poll, soale sing mbayari pak Budiono-A9, sing saiki Direktur PBL Ditjen Cipta Karya). Aku sempat di kontakno mBis pas telponan karo mas Aries. Ternyata Menteri batal hadir, tapi para Dirjen datang jam 11.30 -an malam sampek tengah malam. Aku wis gak kuwat, awak pliket kabeh so'-ale berangkat dr Jakarta jam 5 isuk sampek midnite durung adus.

Konco PU Jatim terus ngajak mangan RAWON SETAN nang Embong Malang, ngarepe JW Marriot, tapi aku gak melok, langsung mlebu Hotel Mercure Raya Darmo (Mirama Hotel ndisik) saking wis pegel ambek pliket kabeh awak'-ku, langsung turu, gak adus. Minggu isuk, mulih nang omah Kutisari, ganti klambi (soale gak nggawa ganti, tapi duwe cadangan nang omah) thok, pamit Ibu terus langsung balik nang Bandara Juanda. Jam 11 flight to Jakarta.

Wis yo, nDog, awakmu nang Canada utowo jik nang Jakarta? Pulsa-mu wis entek ta, nek tak sms koq gak di bales?

wassalam.

ayud_bemo

Tidak ada komentar: