Tibake pancingane Ayud terbukti ampuh. Bareng Ayud muncul, langsung siji-siji metu soko sarange ........
Nek aku dudu perkoro sibuk, soale saiki kan gur dadi staf, dadi gak akeh kesibukan, tapi yo iku .... iso ngene kan nunut fasilitas kantor. Dadi nek fasilitase ngadat ,yo terpaksa mandheg gak internetan.
Rupane juragan webblog mari mlaku-mlaku yo ? Wis entek ta, kangen2ane ? Tapi nek ono critane, yo gak opo2 lo nek dibagi nang sedulur2e, opo maneh oleh2e ........
Salam yo ........ Mbis "Iswari"
komentar'e toto ndok:
hehehe... mbis panjenengan meniko "nggak kacek" kaliyan kawulo... alias sampeyan podo wae karo awakku... podo dadi staf'e. Yo ngono iku enak'e nek dadi staf... kadang2 luwih gampang njaluk cuti. Coba nek awakku wes dadi kepala staf... lak tambah susah nek njaluk cuti, opo maneh nek dadi kepala staf angkatan darat koyok Wayan Subagiyanta iku.... pasti jarang cuti.
Mbis... nek pengen mlebu internetan lak isok nggawe telkomnet instan (time base). Supoyo luwih ngirit, aku ndisik nek apene ngisi situsku (nggunak'no telkomnet instan), ono tips jitu mbis!!:
1. Ojo mlebu internet disik;
2. Nulis postingan nggunak'no Words atau word processor liyane;
3. Nek konsep postingan wes mari (beres kabeh), baru mlebu nang internet.
4. Sakwise connect internet'e, mbuka www.blogger.com (atau web provider liyane sing mungkin awak'e dewe nggunak'no selain blogger), terus tinggal nglebok'no nang Box Postingan nggunak'no fasilitas "copy-paste".. langsung publikasi'no posting. Beres!! Murah meriah. Paling2 semenit utowo rong menit beres *asal gak terjadi disconnection*
Tapi nek niat'e mbis mlebu internet gawe moco koran.. moco postingan'ne konco2 nang Situs A12... rasane gak cocok nggunak'no telkomnet instan, mending nggunak'no internet provider sing liyane (capacity base... dudu time base)... baik sing pra bayar utowo sing pasca bayar.
Dadi... nggunak'no internet iku mesti disesuaek'no ambek kebutuhane awak'e dewe. Ojo melu2 wong liyo utowo kepangan ambek iklane internet provider.
Yo wes... mugo2 info-ku onok gunane...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar