Rabu, April 09, 2008

Ploncoan

Nek dieling-eling... sakjane ngono awak'e dewe iki wis tuwek wek wek lho... heheheeee... lha wong ploncoan nang Cokroaminoto iku kiro2 lak wes 31 taon kepungkur.... ck..ck..ck.. weleh-weleh wes luwih teko 3 dekade. Dadi awak'e dewe iki koyok'e perlu nyiapno sangu gawe urip nang alam baka engkok. Maap lho yo, iki ngono dudu ceramah gawe sampeyan kabeh, cuma ngelingno ae... lha wong awak'ku dewe wes tau ngalami kapene dut... tapi alhamdulillah, ternyata jik diparingi kesempatan gusti Allah, gak sido dut, dadi jik ono kesempatan ngumpulno bekal gawe sangune nek wes pensiun umur.

Tapi.... jeneng'e bonek... masio wes tuwek ngene sedulur A12 kabeh lak penuh vitalitas hidup... semangat hidup... lak iyo seh??

Malahan mbis wes ngusul'no... gawe sedulur A12 kabeh gawe berkarya di masa MPP utowo pasca pensiun!!! iki ngono nunjuk'no semangat, cuma koyok'e respon jik rodok seret. Maklum mergane kiro2 sedulur2 A12 jik akeh sing durung pensiun *khusus'e sing dadi pegawe negri... nek swasta tertentu lak pensiun'e sak karep'e dewe... hehehehee*... mengko nek wes pensiun utowo nyedak'i pensiun kiro2 yo ono respon.
Sing penting... nek pancen usulan'e mbis isok diwujud'no... kenopo gak? Soal'e urip mesti koyo mBis ngono iku... semangat!!

Yo wes, gawe tombo kangen... tak lampirno poto-poto lawas pas ploncoan yo!!!... nek apene sampeyan copy... terus sampeyan simpen nang komputer sampeyan.... monggo silakan!!! GRATIS
Ploncoan nang Plasa Cokroaminoto
Campuran Sipil, Mesin, Arsitektur, Kapal, FIPIA, Kimia, Elektro
Lha nek iki cuma arek2 A12
Lokasi: Plasa Cokroaminoto
Huahahahaaaa.... gara-gara ploncoan... telat mangan.. telat turu... telat adus

Tidak ada komentar: