Opo ae... biasane ono asal-usul'e. Sebutan'e kutho Suroboyo... jarene mbahku... asale teko iwak "Suro" sejenis iwak Hiu ngono iku... ambek "Boyo" alias bajul ijo... heheheeee... salah bener'e awakku gak eruh.
Sakwijining ndino nang salah sijine kali... nang Suroboyo *mungkin kali Njagir yo?*... onok iwak Suro tukaran ambek Bajul ijo... cakar2an... cakot2an... sadhuk2an... wessss... pokok'e tukaran rame. Lha penduduk sekitar'e kono iku rebutan ndelok pertandingan gulat iwak Suro ambek Boyo iku mau. Akhir'e crito tukarane Suro ambek Boyo mau menyebar nang daerah kono iku.
Suwe2... daerah mau dijenengno Suroboyo.... heheheheeee... *sorry awakku ngasal lho yo!!!... ojok cepet percoyo... wong sampeyan kabeh sakjane ngono tak bujuk'i*
Lha asal-usul'e toto ndok iku opo???
Awakku eling.... kabeh iku gara-garane cak Agus "Titut" Setyabudi. Waktu iku, awak'e dewe lak melok ploncoan. Kuabeh digojlok ambek arek2 senior nang Cokroaminoto. Sing lanang digunduli sing wedok kudu dikuncir 12 kunciran *soal'e awak'e dewe lak angkatan 12* Lhaaaaa... pas baris berbaris awakku nang mburine cak Titut.... pas dewek'e noleh ndelok rai-ku lha kok spontan ngomel ambek seolah kuaget ndelok gundul ku sing plonthos-thos!! terus mbengok... "wwuuuaaaahhhh onok endok!!!" sembari mlototi gundul ku.... Nah... mulai dino iku kuabeh arek A12 nyeluk jenengku dadi Toto NdoK.... heheheheeee
Sakjane ngono awakku apene protes.... lha mosok sing endok aku dewe... sedulur2 A12 sing lanang lak yo gundul kabeh.... dadi yo endok kabeh
Yo wes gak opo-opo.... lha iku mau wes dadi nasibku.... heheheheeee.... iki crito asal-usul serius... aku gak mbujuk'i sampeyan kabeh. Dadi asal-usul'e toto nurwicaksono dadi toto endok iku mau gara-gara cak Titut Almarhum.
Matur suwun mas Titut... semoga panjenengan berada dalam ridho gusti Allah sing Maha Agung, Maha Pengasih dan Maha Penyayang. Doa kami semua menyertaimu, amin.
2 komentar:
Komentar mBis ...
Sayang tulisanne nDok iku salah. Sing bener nDog ....
Nek gak salah Ayud yo wis tau ngoreksi yo ?
Salam, " mBis " Iswari
hahahahaaaa... iyo mBis... Ayud wes koreksi ndoK mestine nDog... cuma nek nDog, awakku kawatir nek huruf "n" nang keyboard komputer'e awak'e dewe ki rusak... lak sing nongol dadi toto Dog... heheheeee.
Posting Komentar