Rabu, Mei 21, 2008

Pengumuman Gawe Sedulur A12

Warung kangen-kangenan gawe sedulur FTA ITS iki... suwe-suwe tambah rame, tapi rasane jik akeh sing ndelik. Nah gawe merangsang sedulur2 A12 supoyo gelem nongol nang kene, awakku apene mbongkar-mbongkar gudang... sopo ngerti nemu poto-poto lawas sedulur2 A12. Lha nek nemu, mengko poto2 lawas iku mau apene tak lebok'no nang situs A12 iki.... bah no ae... cekno kapok!!! Sopo ngerti nek poto lawas'e nongol nang kene... uwong'e melok nongol nang kene (dadi kontributor utowo isi komentar).... heheheheeee

Tapi ojok kuwatir.... nek sampeyan keberatan... poto lawas sampeyan nongol nang kene... mengko ndang protes'so... mengko tak delete teko situs iki. Jaman demokratis ngene iki... protes iku halal & gratis!! asal disampekno secara elegan & santun.

Setuju???

1 komentar:

Nama-Nama: mengatakan...

nek gak salah poto sing burek iki potone Agus "Mendol" ndelok model sirane karo brengos'e.