Selasa, Maret 04, 2008

Ketemu Ican

Mulih teko Pangkalpinang, Bangka... dikongkon juragan kluyuran maneh nang Bima.. Sumbawa Besar... Mataram. Boyok rasane apene pedot. Coba... bayangno! Lha wong wes tuwek ngene malah dikongkon kluyuran... jan asem tenan.

Budal teko Jakarta... ndarat nang Denpasar, ehhhhh, montor muluk'e ngadat gak isok langsung menuju Bima. Cancelled!!! terpaksa mbambung sak wengi nang Denpasar. Yo wes... sing waras ngalah... timbangane montor muluk'e mbledos nang tengah dalan mending cancel. Lha nek dipekso budal nang Bima tapi kecelakaan lak mending ditunda... lak iyo seh??

Sakwise mbambung nang Denpasar, isuk'e budal nang Bima. Weleh... ternyata awakku berangkat ambek Ustadz Abubakar Ba'asyir (sak pesawat). Alhamdulillah, tak pikir nek budal ambek ustadz... kiro2 yo aman. Soal'e dongane awakku marang gusti Allah supoyo pesawat gak ceblok alias logor... bakal tambah afdol nek ustadz Ba'asyir melu berdoa marang gusti Allah.

Bener!!... pesawat taken off & landed dengan mulusnya, Alhamdulillah.

Sampek Bima, langsung kerjo rodi sampek balung rasane kemeng2. Tapi yek opo maneh lha wong tugas mosok ditolak.

Mari kerjo rodi nang Bima, langsung budal nang Sumbawa Besar lewat darat... mbambung nang Sumbawa Besar sak wengi... sesuk'e budal nang Mataram. Lha iki.... crito utama'ne. Nang Mataram iki awakku ketemu barek sedulur lawas-ku ICAN, calon Gubernur NTB. Cuma sayange, awakku cuma sedelok nang Mataram. Dadi yo ketemu Ican cuma sedelok. Gak opo-opo sing penting ketemu. Kangen-kangenane isok diterusno nang situs A12.

Pesen gawe Ican>>> cepet2 mlebu dadi kontributor'e situs A12. Suwun can, kapan2 nek onok kesempatan kluyuran nang Mataram maneh... tak kabari, insya Allah.
Pesen gawe Ayud>>> Yud awakku gak sempat urunan gawe arek2 sing study tour, opo diitung utang? hehehe... *mugo2 dibayari juragan PU*

1 komentar:

YUDI_BEMO mengatakan...

wah, lumayan ketemu Ican_bemo. Kapan-kapan nek aku namg Mataram yo pasti ketemu. Lha lungo nang luar Jawa iku paling enak, iso eruh sing gak onok nang tanah Jowo. Pegel kabeh pasti lah, sing penting dilakoni ae, wong tugas. okay