Selasa, Maret 11, 2008

BEMO_A12

Ican, Tito, Ary, Agus Tekek, mBis, dll;

Wah, nDog_bosok nglencer terus. Mestine saiki nek nglencer ambek nggowo Laptop (nek duwe) utowo PDA (mestine duwe) sing isok kanggo mbukak FTA_A12 Blogspot, cekno kabeh isok ndelok, sekalian ngajarin cek langsung isok mlebu.
Iki ngono kanggo komunikasi kangen-kangenan barek konco-konco kabeh.
NDog, posting nang kene cepetan foto-foto jamane kuliah, sing kabeh nggantheng poll. Nek wis ndelok foto pastine kepingin komentar terus gelem nyisakno waktu kanggo ngisi blogspot iki.

wassalam

2 komentar:

toto endhok mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
toto endhok mengatakan...

Yud... lha yek opo, wong awakku gak duwe laptop, gak duwe PDA, yo terpaksa ngajari sedulur-sedulur kabeh lewat postingan nang situs A12 iki. Kecuali nek awakku mbok kek'i laptop utowo PDA, wah..... sedulur2 kuabeh tak ajari secara langsung carane mlebu dadi kontributor'e situs A12 iki... lha wong lawang'e situs A12 wes mbukak ombo ngene.

Perkoro poto-potone cak & ning Suroboyo jebolan Cokroaminoto, insya Allah kapan-kapan tak lebok'no nang kene. Sabar yo... tak bongkar-bongkar disik album-album lawas A12.

Yo wes sakmene disik ae yo.. liyo dino insya Allah disambung maneh