Konco A12 sak kabeh'e
Mestine A12 duwe alamat konco kabeh nok endi ae, cekno iso kontak-kontakan. Apo maneh nek pas tugas luar kota kanggo sing pegawai negeri (PNS) utowo sing swasta. Kan enak isok ketemu kanggo kangen-kangenan, nek pas cocok waktune, soale kadang yo gak isok.
Sopo ae sing duwe alamate konco A12, minimal nomer mobile phone alias hape (HP) kan lumayan kanggo sms-an, terus ditakoni alamate nek gak keberatan.
Sing digagas mBis nang crito mBis kulo nuwun sing pertama kali, yo tahu tak omongno ambek diskusi barek Tito, Toto nDog & Mas Indra pas mangan awan bareng nang Jakarta, lumayan keren, lunch di Alun-Alun Indonesia, di depan Plaza Indonesia, tonggone eks Hotel Indonesia sing lagek di renovasi dadi tambah apik poll. Masiyo mangane yo Bakso Malang, Siomay, tapi yo nang gedung tingkat. Semoga bisa terlaksana keinginan mBis.
Salam.
ayud_bemo
komentar'e toto ndok:
Yud.. awakku setuju ae ambek usulan peno, tapi nek isok yo kethok tular lewat HP ae. Soal'e nek nomor HP ambek alamate sedulur kabeh dilebokno nang situs'e A12 koyok'e akeh sing keberatan, mergane blog A12 iki lak wes "go public" heheheeee... dadine sopo ae isok mbuka blog A12 iki.
Yek opo nek ngono???
1 komentar:
AYUD respons
lha sing apik ojok dilebokno nang situs iki; dicatet via imil intern ae, sing ngerti sebatas A12.
okay
Posting Komentar