Assalamu'alaikum ...........
Kontributor Situs A12, sakjane wis suwe aku duwe gagasan sing mungkin perlu saran soko konco-konco .....
Kene iki nek normale kerjo ( ukuran pegawai negeri sing dudu pejabat ), 5-7 tahun maneh kene iki wis usia pensiun. Ben engko' nek pensiun gak bete opo maneh "post power sindrome", yok opo nek kene menciptakan kegiatan.
Nek ideku .... aku pengin ngumpulno karyane konco-konco sing sik ono hubungane karo basic sekolahe kene. Contone karya-karya lukisan, handicraft, pernak-pernik interior dll, dikumpulno trus kene nggawe semacam toko/ruang pamer nang endi engko dipikirno lebih lanjut. Pemasarane iso soko kene-kene dewe, melalui internet utowo promosi nang ibu-ibu Dharma Wanita, bek'e pas piknik nang Suroboyo, arep golek oleh-oleh ....
Mungkin iki yo gak terlalu menguntungkan, tapi tak roso sing penting kan kene duwe kegiatan dimasa pensiun , jarene ben gak gampang pikun .......
Tak enteni komentar konco-konco ..........
Wass. mBis ( Iswari )
2 komentar:
aku wis mbales nang posting;
nDog, ketok'e situs iki jam yang di set-up gak bener, soale aku pas nulis saiki jam 17.40 -an koq metune jam 14.00 an?
Iki jam Perhubungan Darat opo jam Indonesia???
aku wis mbales nang posting;
nDog, ketok'e situs iki jam yang di set-up gak bener, soale aku pas nulis saiki jam 17.40 -an koq metune jam 14.00 an?
Iki jam Perhubungan Darat opo jam Indonesia???
Posting Komentar