Senin, Maret 31, 2008

sekilas info

Konco A12 sak kabeh'e

Mestine A12 duwe alamat konco kabeh nok endi ae, cekno iso kontak-kontakan. Apo maneh nek pas tugas luar kota kanggo sing pegawai negeri (PNS) utowo sing swasta. Kan enak isok ketemu kanggo kangen-kangenan, nek pas cocok waktune, soale kadang yo gak isok.

Sopo ae sing duwe alamate konco A12, minimal nomer mobile phone alias hape (HP) kan lumayan kanggo sms-an, terus ditakoni alamate nek gak keberatan.

Sing digagas mBis nang crito mBis kulo nuwun sing pertama kali, yo tahu tak omongno ambek diskusi barek Tito, Toto nDog & Mas Indra pas mangan awan bareng nang Jakarta, lumayan keren, lunch di Alun-Alun Indonesia, di depan Plaza Indonesia, tonggone eks Hotel Indonesia sing lagek di renovasi dadi tambah apik poll. Masiyo mangane yo Bakso Malang, Siomay, tapi yo nang gedung tingkat. Semoga bisa terlaksana keinginan mBis.

Salam.

ayud_bemo

komentar'e toto ndok:
Yud.. awakku setuju ae ambek usulan peno, tapi nek isok yo kethok tular lewat HP ae. Soal'e nek nomor HP ambek alamate sedulur kabeh dilebokno nang situs'e A12 koyok'e akeh sing keberatan, mergane blog A12 iki lak wes "go public" heheheeee... dadine sopo ae isok mbuka blog A12 iki.

Yek opo nek ngono???

monggo,-2 mBis, come on in

he, he, he

Tak tinggal sedhiluk ae koq gak mlebu yo kirimanku?
Apa ada masalah dengan sistem di kantor ku?
Tiwas nulis akeh banget, tibak'e gak isok dikirim, wis lali nulis opo ae !!!!!


Iki mBis wis isok mlebu gabung nang situs A12, karek nunggu mBis muruk'i cak Agus Tekek sing sak kantor, cekno ndang isok melok nulis nang kene. Tolong yo mBis

Salam


ayud_bemo

komentar'e toto ndok:
Yud... ojok kaget, awakku yo tau ngalami koyok awakmu... ditinggal sediluk gak isok mlebu. Kenopo? jaringan internet nang kene iki sering drop ngono iku. Lha nek awakmu nang Amrik utowo nang negoro2 sing jaringan internet'e yahud... yo jarang ngedrop ngono iku.

So? sing sabar ae... terus ojo sering ditinggal-tinggal nek pas nggawe postingan.

Mugo-mugo suwe2 internetan nang Indonesia iki podo karo internetan nang Amrik kono yo... amin.

Jumat, Maret 28, 2008

Gagasan Ngumpulno karya-karyane konco-konco A12

Assalamu'alaikum ...........

Kontributor Situs A12, sakjane wis suwe aku duwe gagasan sing mungkin perlu saran soko konco-konco .....

Kene iki nek normale kerjo ( ukuran pegawai negeri sing dudu pejabat ), 5-7 tahun maneh kene iki wis usia pensiun. Ben engko' nek pensiun gak bete opo maneh "post power sindrome", yok opo nek kene menciptakan kegiatan.

Nek ideku .... aku pengin ngumpulno karyane konco-konco sing sik ono hubungane karo basic sekolahe kene. Contone karya-karya lukisan, handicraft, pernak-pernik interior dll, dikumpulno trus kene nggawe semacam toko/ruang pamer nang endi engko dipikirno lebih lanjut. Pemasarane iso soko kene-kene dewe, melalui internet utowo promosi nang ibu-ibu Dharma Wanita, bek'e pas piknik nang Suroboyo, arep golek oleh-oleh ....

Mungkin iki yo gak terlalu menguntungkan, tapi tak roso sing penting kan kene duwe kegiatan dimasa pensiun , jarene ben gak gampang pikun .......

Tak enteni komentar konco-konco ..........

Wass. mBis ( Iswari )

Kulo nuwun ...........

Assalamu'alaikum ..........

Setelah coba berkali-kali berkontribusi ke Arsitektur 12, mudah-mudahan kali ini berhasil masuk, padahal panduan dari Toto nDok sudah cukup detail ...........
Apa kabar para kontributor ? Rupanya suibuuk semua ya ........ sampai-sampai situs A12 gak di update.

Wass. mBis

komentar'e toto ndok:
Alhamdulillah... kontributor'e A12 nambah siji maneh.
Mugo2 liyane cepet2 nyusul.
Mbis... sering2 update isine A12 yo!!... matur suwun.

Kamis, Maret 27, 2008

POTO 4 BEMO

Okay;
Awakku eling, rambut gondrong, tapi yo onok manise thithik ta, ambek ngrokok nganggo cangklong, tapi isine jik rokok kretek biasa. Saiki kepingin nyangklong maneh, tapi gak onok sing nukok'no cangklong, soale sing apik larang poll regane.

Lha saiki wis gak sempet ngedraft maneh, masiyo sak lembar 300 ribu.
A12, nang kantor ku onok si Udik alias Wahyudi Suryoprawoto. Lha Agoes ONCE Soerarso sing sering mampir kantorku, Poerwodibroto, Triaswati (ibu Dosen ITS), Andriani Lestari, Ike Christ????? alu lupa nama lengkapnya, Kon nek nulis konco A12 sing mbok elingi sing wedok-wedok thok lha mesti ae lali kabeh sing konco lanang.

Aku ketemu Tito minggu wingi nang Bank Mandiri PU, pas antri jejer apene njukuk duwek nang ATM. Jarene, Yud, aku di sms, tolong diajarin carane mbukak blog A12, yo ...tapi aku yo durung sempat sms, soale yo lagek sibuk.

komentar'e toto ndok:

walaaahhh Yud, lha nek onok kerjoan ngedraft selembar'e 300 ewuan... lha mbok sampeyan lungsor'no nang awakku.

Oiyo Yud, jeneng2'e sedulur A12 sing durung mlebu kene... wes tak lebok'no, suwun infone yo! Nek onok maneh ojok sungkan2... kirim infone supoyo lengkap.

Perkoro awakku luwih eling dulur2 wedhok... yo maklum lah... iku ngono wis takdir *baca posting ku "Welkam mbis!!"... *

Jumat, Maret 14, 2008

2 kontributor'e A12... 2 calon kontributor

Yud.... awakku lak janji barek peno, nek apene nglebok'no poto-poto lawas A12. Wes tak bongkar-bongkar kuabeh.. akhir'e nemu. Salah siji-ne yo iki... poto'ne 4 coverboys nggolek duit nggambar lembaran... heheheheee.... sak lembare Rp. 10.000,-

Lha nang poto iku opo awakmu jik eling tah???

Ono cak Agus, Ari, awak-mu, ambek awakku.. nang omahku. Jik eling tah? Lha awak-mu dewe opo duwe potopoto lawas??? Nek onok yo mbok lebok'no kene tah! Mengko nek sedulur-sedulur kangen lak isok ngopi poto2 mau... masio wes gak onok klise-ne. Jaman canggih ngene iki gak perlu nyimpen klise maneh to?

Sakwise ndelok poto-poto lawas iku, mugo-mugo Oom Agus ambek Oom Gornizun terceluk *maksud-ku terpanggil* gawe dadi kontributor'e situs A12 iki, lak ngono se Yud?


Sakjane ngono, calon Gubernur BI oleh ae cuma 2, tapi calon kontributor'e situs A12 mestine yo gak cuma 2... tapi sing wes tak kirim'i undangan dadi kontributor'e situs A12 iki. Ayo rek... mlebu'o kene. Mengko nek kesuwen mikir'e malah cepet pikun lho!!!

Yud, poto-poto liyane... insya Allah nyusul.

Yo wes, sakmene disik ae.... tak enteni poto-poto lawas sedulur-sedulur kabeh.

Selasa, Maret 11, 2008

BEMO_A12

Ican, Tito, Ary, Agus Tekek, mBis, dll;

Wah, nDog_bosok nglencer terus. Mestine saiki nek nglencer ambek nggowo Laptop (nek duwe) utowo PDA (mestine duwe) sing isok kanggo mbukak FTA_A12 Blogspot, cekno kabeh isok ndelok, sekalian ngajarin cek langsung isok mlebu.
Iki ngono kanggo komunikasi kangen-kangenan barek konco-konco kabeh.
NDog, posting nang kene cepetan foto-foto jamane kuliah, sing kabeh nggantheng poll. Nek wis ndelok foto pastine kepingin komentar terus gelem nyisakno waktu kanggo ngisi blogspot iki.

wassalam

Senin, Maret 10, 2008

Pesen gawe Icanwansyah

Can... yek opo cak???... kok durung mlebu2 dadi kontributore A12? Coba'en tah... suwe2 isok kok. Ayud ndisik lak yo coba-coba... akhir'e isok mlebu.

Carane:
1. Accept disik invitasi teko awakku (sing wes tak kirimno ndisik iku)>>klik accept
2. Mari ngono awakmu nggawe'o account anyar nang gmail (misal'e: jeneng-mu@gmail.com)
3. Carane nggawe account anyar nang gmail>> yo koyok nang yahoo, hotmail dsb (buka www.gmail.com terus ndaftar'o)
4. Nek wes duwe account (e-mail add) nang gmail, yo langsung mlebu nang www.blogger.com
5. Isi'en username ambek password'te (sesuai ambek username ambek password sing wes mbok gawe nang gmail mau).
6. Mari ngono awak-mu isok ngisi situs A12, insya Allah>>Buat Posting... and posting it to situs A12.

Cobak'en yo.

Nek gak isok... sabar... suwe-suwe isok kok. Maklum internet nang kene iki kadang2 lelet.. kadang2 cepet.. kadang2 malah dropped connection. Nek jik macet2... utowo onok sing gak ngerti>>... just give me a call or send me sms... atau kirim komentar nang posting iki.

Yo wes salam kanggo klg kabeh nang Mataram.

Selasa, Maret 04, 2008

Ketemu Ican

Mulih teko Pangkalpinang, Bangka... dikongkon juragan kluyuran maneh nang Bima.. Sumbawa Besar... Mataram. Boyok rasane apene pedot. Coba... bayangno! Lha wong wes tuwek ngene malah dikongkon kluyuran... jan asem tenan.

Budal teko Jakarta... ndarat nang Denpasar, ehhhhh, montor muluk'e ngadat gak isok langsung menuju Bima. Cancelled!!! terpaksa mbambung sak wengi nang Denpasar. Yo wes... sing waras ngalah... timbangane montor muluk'e mbledos nang tengah dalan mending cancel. Lha nek dipekso budal nang Bima tapi kecelakaan lak mending ditunda... lak iyo seh??

Sakwise mbambung nang Denpasar, isuk'e budal nang Bima. Weleh... ternyata awakku berangkat ambek Ustadz Abubakar Ba'asyir (sak pesawat). Alhamdulillah, tak pikir nek budal ambek ustadz... kiro2 yo aman. Soal'e dongane awakku marang gusti Allah supoyo pesawat gak ceblok alias logor... bakal tambah afdol nek ustadz Ba'asyir melu berdoa marang gusti Allah.

Bener!!... pesawat taken off & landed dengan mulusnya, Alhamdulillah.

Sampek Bima, langsung kerjo rodi sampek balung rasane kemeng2. Tapi yek opo maneh lha wong tugas mosok ditolak.

Mari kerjo rodi nang Bima, langsung budal nang Sumbawa Besar lewat darat... mbambung nang Sumbawa Besar sak wengi... sesuk'e budal nang Mataram. Lha iki.... crito utama'ne. Nang Mataram iki awakku ketemu barek sedulur lawas-ku ICAN, calon Gubernur NTB. Cuma sayange, awakku cuma sedelok nang Mataram. Dadi yo ketemu Ican cuma sedelok. Gak opo-opo sing penting ketemu. Kangen-kangenane isok diterusno nang situs A12.

Pesen gawe Ican>>> cepet2 mlebu dadi kontributor'e situs A12. Suwun can, kapan2 nek onok kesempatan kluyuran nang Mataram maneh... tak kabari, insya Allah.
Pesen gawe Ayud>>> Yud awakku gak sempat urunan gawe arek2 sing study tour, opo diitung utang? hehehe... *mugo2 dibayari juragan PU*

Senin, Maret 03, 2008

mampir kantor-ku


s e k i l a s - i n f o

Dino Juma'at, 29/02/08 jam 10-an isuk minggu wingi, mas Unggul Roseno (senior-e kita-A8) ambek bu Retno Nagayomi (A11) pas onok acara nang Jakarta, mampir nang kantorku. Aku pas lagi ae lungguh, soale aku yo entas ae mulih tekok Semarang, from Airport langsung ngantor.

Ngobrol omong kosong kanggo tombo kangen, just say hello, jarene mas Unggul, sing tahun wingi nek gak salah melok Pilkada calon Walikota Suroboyo, tapi kalah.

Senin, 25/02/08 mahasiswa arsitektur ITS juga sedang study tour dan diterima mbak/bu Mascheiyah (Yayak-A10 yang Sesjen IAI Pusat) di IAI Jakarta, gedung Jakarta Desain Center. Info kedatangan mahasiswa ini beredar via SMS yang juga saya forward ke A12 yang di Jakarta, juga sudah kami edarkan ke segenap komunitas alumni arsitektur ITS untuk nyumbang via rekening mbak Yayak waktu itu, termasuk kepada para Direktur di Departemen PU, yang Alumni Arsitektur-ITS, yaitu: Pak Ir. A Budiono, MCM (A9) yang atasanku, Direktur Penataan Bangunan & Lingkungan, Ditjen Cipta Karya, no 2 dari kanan; pak Ir. Ismanto, MSc (A5) yang Sekretaris Ditjen Cipta Karya, no 3 dari kanan; dan pak Ir. Supardi (A5) yang Sekretaris Badan Litbang Dep PU. Lha nek ndelok gambar, yang berdiri paling kanan, sing paling nggantheng yo 822A12 rek, he he he.

Aku yo ditelpon pengurus IKA-ITS via stafku di kantor, yang katanya Direktori IKA-ITS yang baru plus CD nya sudah jadi. Kalo mo pesen harganya 80 ribu langsung kirim di Jabodetabek. Kalo berminat nanti aku sampaikan ke pengurus nya, ato mungkin sudah dikontak juga langsung kepada semua Alumni yang sudah terdaftar.

Wis yo, aku arep rapat disik.

Salam.

ayud_bemo_A12