Senin, Juni 29, 2009

Resepsi putrane mBis

Alhamdulillah, akhire wingi 28.06.2009, awakku iso teko nang acara resepsi pernikahane putrane mBis nang Suroboyo. Awakku, budal'e nebeng barek Walikota Nginden bersama ibu Walikota. Nang acara sempat ketemu mpok Nunung karo Oom.

Waaahhh rasane koyo dadi juragan... kroso terhormat... lha wong sedulur-sedulur bemo dipersilakan mencicipi hidangan di ruang khusus... heheheee... Cuma sayang'e Juragan PU Pusat... Adjar Ayud Prayudi gak isok gabung. Yo wes gak opo-opo liyo wektu... mugo2 isok reunian barek sedulur2 A12 liyane.

Seneng rasane iso kangen-kangenan karo mBis sekelurga.. mpok Nunung ambek Oom.. Walikota Nginden ambek ojob'e... seneng nemen masio cuma sedelok. Seneng'e nambah... soale sempat ketemu & ngobrol masa silam.. masa jadul.. ambek pak Harijono Sigit & ibu.

Sakjane ngono awakku duwe 1 (siji) poto-ne mempelai berdua ambek para perwakilan bemo, tapi pikir-pikir ben mBis ae sing nglebokno nang situs A12 iki.... soal'e awakku lak durung oleh izin mempublikasik'no poto iku mau.

Yo wes... sakmene disik ae laporan perjalanan wartawan BEMO POS nang Suroboyo.

SELAMAT YO MBIS... SELAMAT YO KANGMAS ARIES... SELAMAT YO MEMPELAI BERDUA....

Tidak ada komentar: