Dino Kemis, cak Agus Soerarso ambek Mas Indradjaja, 2 juragan Inkindo Jatim teko nang Jakarta, onok acara rapat Inkindo nang Hotel Sahid. Sore2, cak Agus Soerarso nelpon awakku, sopo ngerti iso kangen-kangenan. Rencanane ngono bengi2 ketemuan nang Sahid, tapi akhir'e batal gak sido ketemuan, soal'e selain wis bengi ditambah maneh Juragan PU, Ayud, pas tak sms ternyata onok nang Batam.
Sesuk'e, awakku kontak Juragan PU ambek Juragan Inkindo Jatim, nggolek saran yek opo nek ketemuan sakwise Jum'atan utowo bengi2 sakwise jam kantor. Acara kangen-kangenan mendadak iki akhir'e disepakati ketemu nang kantor'e Juragan PU sakwise Jum'atan.
Mari Jum'atan, awakku langsung budal numpak TransJakarta-Busway jurusan Kota-Blok M. Nang njero bis awakku sms Ayud, nakok'no sido opo enggak'e ketemuan ambek sedulur Suroboyo, cak Agus Soerarso. Sayang'e Mas Indradjaja wes balik nang Suroboyo. Nek pancen sido yo syukur, nek gak sido rencanaku yo balik nang kantor. Ternyata, rencana dadakan iku mau iso direalisir.
Kiro2 setengah jam awakku sampek Masjid Agung. Teko halte Masjid Agung Al Azhar, awakku langsung nuju nang kantor'e Ayud. Alhamdulillah, isok ketemu barek sedulur lawas... juragan Inkindo Jatim ambek 2 Juragan PU. Kiro2 sakwetoro... awakku kangen2an barek cak Agus Once.. Ayud.. ambek Udik Wahyudi. Pas diajak metu, sayang'e cak Udik Wahyudi gak isok gabung. Tapi alhamdulillah, KSAD (Kepala Staf Angkatan Duabelas), Jenderal Wayan Subagiyanta, sakwise ditelpon Juragan Inkindo Jatim ambek Juragan PU, KSAD isok gabung kangen2an nang Plasa Senayan, mangan awan, ditraktir Cak Agus Once. Sayang'e calon Menteri Perumahan Rakyat pas sibuk, dadine gak isok gabung kangen2an.
Lha pas kangen2an nang PS mau iku, cak Agus Once sempat nelpon sedulur2 liyane... cak Agus Walikota Nginden ambek calon Rektor Unsri, cak Ari Gornizun Siswanto. Terus rencana reunian sedulur-sedulur A12 kapan yo? heheheheeeee..
Sakjane ngono onok video sing tak rekam ambek HP butut-ku, tapi hasil'e gak jelas.. maklum nek gak cukup sinar hasil'e gak jelas. Lha nek Ayud onok hasil rekaman video... lebokno kene Yud!!
3 komentar:
siiip lah, aku lagi sibuk nich, siapin paparan ke Istana Tampak Siring Bali. Kamis pagi besok berangkat dan Sabtu isuk balik. Acarane Jumat siang, nunggu RI-1 dan Menteri PU mendarat di Bali, terus langsung ke lokasi.
Konco liyane yo nek isok mbukak blog iki yo
wis tak bukak rek, sorry aku pancen wis mulih Suroboyo, eman rek
selamat hari raya "idulfitri 1430 H mohon ma"af lahir dan batin semuanya
Posting Komentar