Jumat, Agustus 22, 2008

Mulih sedelok nang Suroboyo

Sakjane ngono awakku apene langsung laporan ambek sedulur2 A12 kabeh sakwise mlaku2 nang Sby. Tapi pas mbalik nang Jkt... kerjoán numpuk. Maklum nek dadi staf.. pancen onok enaké.. onok gak enaké. Tekan Jkt... langsung dikongkon boss melu seminar 3 ndino, dadi terpaksa laporan iki telat tak lapor'no nang sedulur A12 kabeh.

Awal Agustus iparku (bojone kangmas'ku, mas Titis) ngundang awakku teko nang Sby, soalé mbarepé lulus teko ITS... syukuran. Alhamdulillah, akhiré 17 Agt awakku isok budal Sby... 18 Agt balik Jkt. Sayang awakku gak isok nginep rodok suwe nang Sby... padahal nang Sby pas akeh acara; reuni SMA 2 Sby, syukuran, ziarah nang sarean'ne swargi ibu bapakku nang Ngagel.

Awakku gak isok melu reuni SMA 2... tapi alhamdulillah sempat ziarah nang swargi ibu bapakku, alhamdulillah awakku iso bezuk kangmas Aries bojone mbakyu Mbis nang RS (diterno ambek kangmasku ambek adikku). Keadaan kangmas Aries, alhamdulillah terus membaik, malah pas awakku bezuk.. sesuké wis arep pindah ruang perawatan (pindah teko ICU). Nang RS, alhamdulillah sempat ketemu mbakyu Mbis, adiké Mbis, kangmas Agus Indarto sing rawuh karo garwone, mbakyu Ida Indarto, konco-konco lawas SMA 2.. konco2 lawas SMP 12 Sby.

Pas nang Sby, rasane kangen ambek sedulur2 A12 kabeh, tapi sayangé awakku cuma isok mulih sedelok. Tapi gak opo-opo sing penting silaturahmi sedulur2 kabeh gak pedot... sambung terus. Semoga kangmas Aries cepet sembuh... dan beraktifitas kembali seperti biasanya, amin.

Pesen khusus gawe kangmas Agus Indarto.. Nunung.. Mas Indradjaja... cepet mlebuo nang situs A12 tah!!!... cekno situsé tetep rame.

Yo wes sakmene disik laporané juragan Situs A12.

Tidak ada komentar: