Sabtu, Juli 12, 2008

Kartun

Yud... nek tak pikir-pikir... selain klelep ambek kesibukane dewe-dewe... sebagian sedulur-sedulur A12 mungkin saiki sibuk ambek sekolah'e arek2 sing mlebu SMP utowo SMA utowo kuliah.... gak kroso rek... nek awak'e dewe iki wes kewut.

Nek awakku.. selain mikir sekolahe arek2.. yo mikir kerjo opo nek wes pensiun. Usul'e mbis ndisik iku jik dadi pikiranku.... kiro2 opo sing isok dadi kesibukan nek wes pensiun. Nggawe kesibukan sakwise pensiun ambek sedulur2 A12 rasane gede manfaate, tapi pancen rasane gak gampang yo?

Pas awakku sempat sms-an ambek mbis... awakku mikir... elek-elek ngene awak'e dewe iki ndisik lak kerjone nggambar. Awakku jik eling... salah siji sedulur A12, Herus Setiawan iku, selain gambar teknik, dewek'e iku lihay nggambar komik. Lha yek opo nek awak'e dewe ki nggawe perusahaan pilem kartun. Mosok nang Amrik nggawe kartun "South-Park" ngono ae isok beken. Nek jare'ku SouthPark iku gambar'e (animasine) gak yahud-yahud amat, tapi crito kritikan'ne lumayan nylekit. Lha, opo A12 gak isok nggawe?

Gara-gara mikir ngono iku... awakku muter-muter nggolek software sing isok dinggo nggawe animasi. Awakku nemu onok Flash CS3.. onok Toon Boom Studio versi 3 & versi 4. Jik onok sotfware2 animasi liyane sing jlentrek'an nang tokok-toko software. Sakwise tak coba... walaaaaaahhhh, rasane awakku ki koyo'ke "Nafsu besar tenaga kurang"... rasane gak gampang. Kenopo? Soal'e kudu onok sing duwe ide crito-ne... sing nulis skenario-ne.... ngisi suarane... nggambar animasine... dan lain-lain.

Yo wes gak po-po... iku ngono cuma cita-cita... nek terwujud yo syukur... nek gak terwujud yo nggolek kesibukan liyane. Lak ngono seh?!

Gawe sedulur2 sing kepengen ndelok salah siji demo-ne software animasi... iki lho... sampeyan isok ndelok demo'ne Toon Boom studio 4... sampeyan buka ae windows anyar utowo langsung mlebu nang kene>> http://www.toonboom.com/products/toonBoomStudio/?WT.mc_id=e_homepage_pdt_TBS

Nek wes mbuka sampeyan klik take a tour... sampeyan bakal ngiler heheheeeee. Iku animasi 2D (2 Dimensi). Onok maneh software animasi 3 D... tapi aku durung nemu.

Yo wes sakmene disik info teko juragan situs A12. Nek onok ide liyane... monggo... sampeyan kabeh isok nglebokno uneg-uneg sampeyan nang kene.

2 komentar:

Nama-Nama: mengatakan...

nek gak salah Seto disik iku wis tau nyoba2 gae animasi, soal'e waktu iku didudokno aku. iku kiro2 tahu 1994. Dadi kudune nek Seto jik nekuni iku dek'e pasti yo wis jago banget.

toto endhok mengatakan...

dik Paidi... lha saiki sampeyan ngerti enggak nek cak Seto jik nekuni animasi? Walah... nek jik nekuni lak lumayan gawe narasumber sekalian dadi komisaris utama perusahaan pilem kartun A12.

Lha nek sampeyan dewe yek opo? Nek sampeyan yo tau berkecimpung nang dunia animasi lak lumayan... isok ngedek'no perusahaan pilem kartun PT. Tuwatuga films (PT. SatuDua SatuTiga alias PT. A12-A13) heheheheeee... Enak yo... nek berangan-angan iku.