Sabtu, Januari 17, 2009

Kangen2an Jum'at 16 Januari 2009

Dino Kemis, cak Agus Soerarso ambek Mas Indradjaja, 2 juragan Inkindo Jatim teko nang Jakarta, onok acara rapat Inkindo nang Hotel Sahid. Sore2, cak Agus Soerarso nelpon awakku, sopo ngerti iso kangen-kangenan. Rencanane ngono bengi2 ketemuan nang Sahid, tapi akhir'e batal gak sido ketemuan, soal'e selain wis bengi ditambah maneh Juragan PU, Ayud, pas tak sms ternyata onok nang Batam.

Sesuk'e, awakku kontak Juragan PU ambek Juragan Inkindo Jatim, nggolek saran yek opo nek ketemuan sakwise Jum'atan utowo bengi2 sakwise jam kantor. Acara kangen-kangenan mendadak iki akhir'e disepakati ketemu nang kantor'e Juragan PU sakwise Jum'atan.

Mari Jum'atan, awakku langsung budal numpak TransJakarta-Busway jurusan Kota-Blok M. Nang njero bis awakku sms Ayud, nakok'no sido opo enggak'e ketemuan ambek sedulur Suroboyo, cak Agus Soerarso. Sayang'e Mas Indradjaja wes balik nang Suroboyo. Nek pancen sido yo syukur, nek gak sido rencanaku yo balik nang kantor. Ternyata, rencana dadakan iku mau iso direalisir.

Kiro2 setengah jam awakku sampek Masjid Agung. Teko halte Masjid Agung Al Azhar, awakku langsung nuju nang kantor'e Ayud. Alhamdulillah, isok ketemu barek sedulur lawas... juragan Inkindo Jatim ambek 2 Juragan PU. Kiro2 sakwetoro... awakku kangen2an barek cak Agus Once.. Ayud.. ambek Udik Wahyudi. Pas diajak metu, sayang'e cak Udik Wahyudi gak isok gabung. Tapi alhamdulillah, KSAD (Kepala Staf Angkatan Duabelas), Jenderal Wayan Subagiyanta, sakwise ditelpon Juragan Inkindo Jatim ambek Juragan PU, KSAD isok gabung kangen2an nang Plasa Senayan, mangan awan, ditraktir Cak Agus Once. Sayang'e calon Menteri Perumahan Rakyat pas sibuk, dadine gak isok gabung kangen2an.

Lha pas kangen2an nang PS mau iku, cak Agus Once sempat nelpon sedulur2 liyane... cak Agus Walikota Nginden ambek calon Rektor Unsri, cak Ari Gornizun Siswanto. Terus rencana reunian sedulur-sedulur A12 kapan yo? heheheheeeee..

Sakjane ngono onok video sing tak rekam ambek HP butut-ku, tapi hasil'e gak jelas.. maklum nek gak cukup sinar hasil'e gak jelas. Lha nek Ayud onok hasil rekaman video... lebokno kene Yud!!

Senin, Januari 12, 2009

met taon baru juga


dik Paidi, yth.

Met taon baru juga, dan salam buat Hanggoro kalau ketemu lagi.


salam.

Minggu, Januari 04, 2009

taon baru 2009

Selamat taon baru 2009,
Sori suwe gak mencungul, taon baruan wingi aku karo hanggoro, sing jare totok jik dulur'e hangtuah. Hanggoro natalan nang suroboyo, karo anak bojone. iki alamat imil'e hanggoro: hang_set@yahoo.com. Monggo dilebokno nang blog a12, arek'e yo wis takkandani nek a12 duwe blog sing diasuh totok karo yudi.

komentar'e toto ndok:
dik Paidi... podo2 met taon baru... awakku wes kirim undangan nang cak Hanggoro supoyo isok dadi kontributor'e isine situs A12 iki, tapi rasane... saiki nek apene mlebu nang blogger kudu nduwe account nang gmail. Nek pancen kudu duwe e-mail add nang gmail... berarti cak Hanggoro kudu nggawe e-mail anyar nang gmail.

Tapi nek nganggo e-mail yahoo yo jik isok yo syuuukkuurrr... gak perlu repot2 nggawe e-mail anyar.

Yo wes.. tak enteni mlebune cak Hanggoro nang situs A12

Jumat, Januari 02, 2009

omedeto gozaimasu

Konco-konco A12 kabeh,

Omedeto Gozaimasu (Happy New Year)

Yoi otoshi wo (I wish you have a good new year 2009)


@djar Pr@yudi

komentar'e toto ndok:
Podo2 Yud... sori kentek'an pulsa.. sms mu durung sempat tak bales.
Tak bales nang kene ae yo
Yo wes met tahun baru 1430 H met tahun baru 2009 M