Selasa, Desember 30, 2008

Gara-gara Virus

Maap rek... pirang-pirang ndino awakku gak ng-update situs A12. Maklum, komputerku klebonan virus. Sakjane ngono awakku rutin ng-update AntiVirus seminggu sepisan... malahan nek eling... mben ndino yo tak update... iku ngono nek memang ono definisi virus anyar (biasane AntiVirus company nglebokno updated Virus definition).

Lha mergane nang kantor dadi jongos... awakku kelalen ng-update AntiVirus'e komputer sing nang omah... Blenggggg!! klebonan Virus... ono sing low risk ono sing high risk... walaaaaahhh.

Terpaksa tuku AntiVirus sing orisinal... nek sing copy-an koyok'e yo tetep iso Jebol... opo maneh nek males ng-update AntiVirus nang komputer'e awak'e dewe mau.

Yo wes akhir'e AntiVirus sing orisinal mau tak pasang nang komputer ku.... BLENGGGG... beres!! Mugo-mugo Virus'e podo kapok. Jarene sing dodolan AntiVirus... nek tuku sing orisinal, awak'e dewe gak perlu ng-update ben ndino... selama setahun. Mergane pas awak'e dewe connect nang internet... AntiVirus Company mau langsung otomatis ng-update AntiVirus'e awak'e dewe sing dipasang nang komputer'e awak'e dewe mau.

Yo wes... ayo kangen2an maneh...

Oiyo gawe sedulur2 sing ngrayakno... Selamat Tahun baru Hjriah 1 Muharram 1430 H. Diluk maneh Tahun Baru Masehi.... yuk nyongsong Tahun Baru 2009... Masio wes tambah tuwek, mugo2 tahun ngarep awak'e dewe kabeh.. tambah seger waras.. malah cedak karo gusti Allah sing Moho Agung ... Amiiiiin