Kamis, Oktober 23, 2008

masih sepi......





aww,
Wah, hari gini ternyata masih sepi juga,,,,,,

Gak po po rek, sing penting sehat walafiat kabeh.

Tak kirim foto pas aku nganter Aster TNI kunjungan lapangan dan foto keluargaku pas pulkam nang Suroboyo Lebaran 2008. Foto diambil di kawasan wisata sejarah Panglima Besar (Pangsar) Sudirman, kec Nawangan, Kabupaten Pacitan. Sekalian mudik aku ndelok progres fisik di lapangan, kerjaan on skedul or NOT.

Semoga kawasan tersebut nanti menjadi tempat kunjungan wisata sejarah yang berguna bagi anak-anak kita, generasi penerus, seperti yang diamanatkan Panglima Besar Jenderal Sudirman.

Salam,

komentare toto ndok:
heheheee.... bener Yud... tambah suwe situs'e A12 tambah sepi, iki mesti gara-gara penumpang bemo jurusan Wonokromo-Karangmenjangan tambah suwe tambah thithik. Opo perlu... ganti trayek?

Lha juragane situs A12 yo melok-melok sibuk. Lha wong awakku iki nggawe situs sampek 7 (termasuk situs A12 iki).. iku ngono durung termasuk youtube, friendster, facebook.

Minggu wingi selama 4 ndino, awakku dikongkon boss budal nang Brunei ... gawe ndelok uji coba kerjasama angkutan lintas batas nggawe bis... tekok Pontianak - Sarawak - Brunei (bolak-balik). Nek kerjasama iki mau disetujui ambek Indonesia-Malaysia-Brunei, kantormu yo kudu melok urun mbangun dalane sing uapik teko Pontianak sampek perbatasan Indonesia-Malaysia. Cekno awak dewe iki gak isin ambek Malaysia - Brunei nek dalane mulus. Nek kurang mulus... yo mesti sering-sering luluran... hehehe

Lha awakmu dewe yek opo? jik sering bolak-balik Jakarta-Pacitan tah? Yo wes, ojo lali nek angkutan lintas batas Pontianak-Sarawak-Brunei (bolak-balik) dadi dikerjasama'no, awakmu kudu mbangun dalane.

Rabu, Oktober 08, 2008

Lebaran 2009

aww,

Sekali lagi, kami sekeluarga mengucapkan Selamat Idul Fitri 1429 H, mohon maaf lahir batin.

Wah, beneran nDog, digawekno carane nggawe imil ambek carane melok mlebu nang situs A12 iki. Pancen awakmu paling sabar poll, mangkane pantes dadi moderator nang kene.

Aku pas nang Suroboyo di kontak Nunung soal rencana pul-kumpul A12, tapi dia bilang kalau Sabtu gak isok soale wis onok janji. Tito call waktu di Airport mo ke Kediri via Suroboyo, tapi dek'e isok'e kumpul Sabtu bengi. Lha terus tak kontak Nunung dan lagek ae entuk berita tekok Agus Tekek sing lagi Lebaran onok Jogja. Yo wis, kabeh personil A12 masih sibuk Lebaran di dalam dan luar kota Suroboyo, alias batal untuk pul-kumpul tahun 2008 iki. Kapan-kapan pasti A12 isok ngumpul, pasti, pasti, pasti....

Wis, sakmene dhisik yo, mumpung isok lancar jaringan nang kantor, 3 hari lalu lemot, padahal akeh tugas.

Salam.

Jumat, Oktober 03, 2008

Carane dadi kontributor'e situs A12

Jum'at isuk.. pas resik2 omah.. hp butut-ku muni... ealah ono sms teko diajeng Nunung, takon rencanane Ayud sing sempat mudik lebaran nang Jatim. Walah awakku dewe yo gak ngerti opo sido kangen2an barek sedulur A12 nang Suroboyo.

Tibak'e jarene diajeng Nunung... para sopir bemo sibuk dewe2.. dadi yo batal. Yo wes gak po-po, mugo2 liyo wektu onok kesempatan liyane gawe temu kangen barek sedulur2 A12 nang kantor pusat SUROBOYO.

Silaturahmi iku pancen penting... selain nggo kangen2an.. yo iso nggo cepet saling maap-memaapkan sing nduwe salah opo khilaf'e awak'e dewe iki. Lha nek wes saling maap-memaapkan lak awak'e dewe iki gak duwe dosa barek sedulur2 maneh.

Nah... nek pancen rencanane Ayud kangen2an iku mau batal... silaturahmi isok disambung ambek coro liyane.. iso sms-an.. iso leleponan.. isok e-mail2an.. isok kirim2 surat... isok ngisi situs'e awak'e dewe iki (situs A12). Terus yek opo carane isok gabung dadi kontributor'e situs A12 iki?? Iki lho carane:

1. Sampeyan nggawe'o e-mail account nang gmail. Carane buka: http://www.gmail.com/, terus sampeyan klik Sign Up for Gmail, terus sampeyan isi First name; Last name; Desired Login Name (nek desired login name iki wis onok sing nduwe sampeyan kudu ngganti jeneng liyane); Choose a password (password iki ojok sampek lali... cateten nang buku opo hp sampeyan); Re-enter password (tulisen maneh password sing sampeyan pilih mau); Security Question (pilihen dewe, misale sampeyan pilih> What was your first phone number...); Answer (sampeyan jawab... sakarepmu dewe... nomer mbojok yo gak po-po); Secondary email (isi e-mail sampeyan sing liyane... dudu sing nang gmail, tapi nek gak duwe... sampeyan kosongi ae); Location (sampeyan pilih Indonesia); Word Verification (sampeyan tulis huruf sing menceng2 iku... nek salah mesti sampeyan ulangi sampek bener... hehehe sabar yo!); mari ngono sampeyan klik...>> I accept. Create my account. LANGKAH PERTAMA BERES!!!

2. Lha nek sampeyan wis duwe e-mail account nang gmail... sampeyan kirim email nang awakku... kirimen nang kene>> totonurwicaksono@gmail.com (isine sakarep sampeyan... sing penting awakku ngerti e-mail sampeyan nang gmail).

3. Mari ngono sampeyan mengko tak undang dadi kontributor'e situs A12. Sampeyan cek e-mail sampeyan... nek wis nrimo undangan teko awakku... sampeyan trimo (accept). Nek wes sampeyan accept... BERES!!!

4. Mari ngono sampeyan buka http://www.blogger.com/, nek wes mbuka sampeyan isi nama pengguna (email) ambek email sampeyan (misal'e diajengnunung@gmail.com), terus sampeyan isi kata sandi (password sing wes sampeyan pilih nang langkah 1 di atas). BERES!!!! sampeyan langsung iso kirim tulisan... kirim foto... kirim video.. nang situs'e A12.

SELAMAT NYOBA YO!!!.... nek onok problem... ojo cepet putus asa!! line internet nang Indonesia selain kadang2 lelet... kadang2 yo dc (dropped connection).

AYO.... RAME2 SILATURAHMI NANG KENE!!!!