Kamis, Februari 21, 2008

Nglencer nang Pangkal Pinang

Senin sampek Rebo wingi awakku onok tugas dinas nang Pangkal Pinang, propinsi Bangka Belitung. Sayang'e nang kono gak onok sedulur A12... Nek onok sedulur A12 iso mlaku2 bareng puter2 Bangka Belitung.

Awakku sempat sms Gornizun Bemo Palembang... sempat sms Ican NTB. Sekalian lapor nek awakku... sesuk Senin sampek Rebo, nek gak onok perobahan, insya Allah apene tugas dinas nang NTB... nek pancen sido, mugo2 isok ketemu barek Ican.

Yud... sakjane ngono awakku pengen nglebok'no poto2 lawas A12 nang kene, tapi pirang ndino iki komputer nang kantor rodok ngadat. Nek nglebokno teko omah... lelet nemen. Mengko nek sempat wae tak melok2 awakmu nglebok'no poto2 lawas nggo tombo kangen

Senin, Februari 18, 2008

sms maneh nang konco A12

nDog,
Ketok'e awak'e dewe kudu sms maneh nang co-konco A12, cekno eling nek wis duwe A12-FTA ITS. Lha, sorry, pas nang Suroboyo wingi ngobrol gak sempat mbukak komputer. Nek nang Suroboyo maneh tak bukak'no, cek isok ngobrol nang blogspot.
Pas nang omah aku mbukak, bojoku ndelok, lha koq onok fotone keluarga AYUD_BEMO?
Aku bilang, gak po po, numpang beken. He, he, he. Lha fotomu karo keluarga di posting juga nDog, cek kabeh ngerti nek wis tuwek, delok maneh sopo ngerti mantu.

wass.
ayud_bemo

Rabu, Februari 13, 2008

ketemu mBis & Tekek


Jumat, 8 Februari minggu wingi aku pas onok urusan nang Pasuruan. Lapor disik nang Wakadis PU Cipta Karya Jatim. Karena beliau masih meeting, tak telpon konco bemo lawas, Tekek and kebetulan pas kosong gak onok tamu. Ngobrol ngalor ngidul sampek Jum'atan nang cidek kantor PU. Mari Jumatan dijak mangan awan nang ruangane Tekek_Bemo (eh maaf, bapak Kasubdis Program), uenak poll, mak nyuss. Mangan sayur iwak pe. Mari mangan pas aku rokok'an nang teras njobo ruangan, eh mBis teko ...terus ngobrol nang njero ruang pak Kasubdis maneh.
MBis barek Tekek crito, lha sing ngisi A12 koq cumak aku karo nDog bosok thok, awake dewe durung ngisi?
Alasane gaptek, jarene ngono, padahal yo gampang mestine, cumak mereka sibuk banget shg gak sempat.
Next time better & kita tunggu.

wass.

ayud_bemo